Recent Posts

Tuesday, March 23, 2021

SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 3 SEMESTER 2 ( GENAP)

SOAL PTS BAHASA JAWA KELAS 3 SEMESTER 2 ( GENAP) beserta kunci jawaban dalam satu file format .doc

Link download di halaman akhir


Wacanen kang patitis !

Listrik Mlebu Desa


Rini lan Bima atine seneng banget. Omahe lagi wae dipasang instalasi listrik. Pancen ing desane lagi ana program “Listrik Masuk Desa”. Sadurunge ana program” Listrik Masuk Desa”  kanggo sarana  madhangi omah mung nganggo ublik, senthir, lan teplok.

Saiki Rini lan Bima sregep sinau. Lampu kang padhang nuwuhake semangat anggone sinau. Rini sing saiki kelas 3 SD lan Bima adhine kelas 2 SD padha pintere. Saben jam 18:30 nganti jam 20:00 bocah loro padha sinau. Rini lan Bima saben sinau dikancani bapak lan ibune.

Pak Wibawa lan bu Dewi ajeg ndhawuhi marang Rini lan Bima supaya irit listrik. Saben bubar sinau ora lali mateni lampu. Mateni lampu sing ora kanggo wis dadi pakulinane Rini lan Bima. Bocah loro tansah eling weling bapak lan ibune.

Weling kang wis rumaket iku kalebu uga program pamarintah kang ngajak masyarakat supaya “Hemat Energi”.


Wangsulana pitakon ing ngisor iki kanthi bener !


KD 3.5

  1. Atine Rini seneng banget sebabe………

a.dikancani bapak lan ibune

b. nganggo ublik,senthir, lan teplok

c. omahe lagi bae dipasang instalasi listrik

d. tansah eling weling bapak lan ibune

  1. Nalika desane Rini durung ana program “Listrik Masuk Desa” kanggo madhangi wektu sinau yaiku……… 

  1. Ublik, senthir, lampu                              c. Lampu, ublik, lilin

  2. Ublik, lampu, teplok                               d. Ublik,senthir, teplok

  1. Bocah loro iku padha sinau jam………..

  1. Jam 18.00 nganti jam 20.00                   c. Jam 18.00 nganti jam 20.30

  2. Jam 18.30 nganti jam 20.00                   d. Jam 18.30 nganti jam 20.30

  1. Welinge ibune sing wis rumaket ana ing atine Rini lan Bima yaiku…………

  1. Supaya irit listrik

  2. Supaya sinau dikancani bapak lan ibune

  3. Sinau nganggo ublik

  4. Sinau nganggo teplok



  1. Ukara pitakon yaiku….

  1. Ukara kang isine njaluk katrangan marang wong sing diajak guneman

  2. Ukara kang isine menehi katrangan marang wong sing diajak guneman

  3. Ukara kang isine takon marang wong kang diajak guneman

  4. Ukara kang isine mrentah marang wong kang diajak guneman

  1. Sapunen latar kuwi!

Ukara ing dhuwur kalebu ukara………

  1. andharan                  b. aran                    c. pakon                 d. pitakon

  1. Sartono maca geguritan ing kelas.

Maca ing ukara iku minangka……………..

  1. jejer                 b. lesan                   c. katrangan           d. wasesa

  1. Ukara andharan sing bener ing ngisor iki yaiku……………..

  1. Sapa jenengmu?

  2. Irit listrik kuwi penting banget.

  3. Kepriye carane gawe layangan?

  4. Jupukna buku kae!

  1. Murti ngunoni tanduran ing latar.

Jejere ukara ing dhuwur yaiku……………………………………..

  1. Ukara kang isine menehi katrangan marang wong sing diajak guneman yaiku ukara…

……………………………………………

  1. Ibu blanja ing pasar.

      Tembung kriya ukara ing dhuwur yaiku……………………………………….

  1. Sadurunge nulis karangan kudu gawe………………………………………….

  2. Tembung omah kalebu tembung……………………………………………

  3. Cengkorongan karangan bisa awujud tulisan, bisa uga awujud …………………………….

  4. Gawea ukara pola JWLK!

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

  1. Sebutna carane hemat listrik!

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………

  1. Apa kang diarani ukara pakon?

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………..

  1. Siti tuku buku ing toko.

Udhalen ukara iki manut dhapukane!

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


KD 3.6

            Coba setitekna tembang dolanan iki!

Menthog-menthog tak kandhani

Mung rupamu angisin isini

Mbok ya aja ngetok ana kandhang wae

Enak enak ngorok ora nyambut gawe

Menthog-menthog mung lakumu

Megal megol gawe guyu


  1.   Irah-irahan tembang ing dhuwur yaiku……

  1. menthog            b. megal-megol              c. kewan menthog             d. menthog-menthog


  1.  Enak-enak ngorok ora nyambut gawe.

Enak-enak ngorok tegese……………………

  1. tangi   b. turu           c. dolanan d. sinau

  1. Tembang dolanan menthog-menthog nggambarake kewan menthog kang nduweni watak……

  1. jirih                          b.sregep                  c. kesed                         d. kendel

  1. Ing ngisor iki kang kalebu tembang dolanan gagrak anyar yaiku………………. 

  1. Jaranan b. Gajah-Gajah c. Cublak-Cublak Suweng d. Gugur Gunung

  1. Tembang dolanan biasane menehi pitutur kang luhur ngenani…………………..

  1. budi pekerti b. pakaryan c. penggawean d. kepinteran

  1. Ing tembang padhang bulan, ana ukara padhange kaya rina.

Rina tegese………..

  1. wengi b. awan c. isuk d. sore

  1. Tembang padhang bulan menehi pitutur …………………

  1. padha dolanan b. ayo dolanan c. aja padha turu sore  d. delok bulan

  1. Padhang bulan kalebu tembang….

  1. dolanan b. pucung c.  gembira d. kinanthi 

  1.  Pasemon ing tembang dolanan menthog-menthog yaiku………………………………………

………………………………………………………………………………………………

  1. Si Gundhul ana ing tembang Gundhul-Gundhul Pacul, olehe nyunggi wakul karo…...............

…………………………………………………………….........................................................

       29. Mata kaya laron kuping gedhe siung………………………………….......................................


  1. Tembang Gugur gunung ngemu surasa ……………………………………………………….

………………………………………………………………………………………………….

  1. Lindri adang telung kathi lawuhe bothok teri 

Aditutul a mak telep lep

Cuplikan tembang ing dhuwur irah- irahane……………………………………………………

  1. Tul jaenak………………

Tembang iku teruse ……………………………………………………………............................

  1. Apa sing diarani tembang dolanan?

………………………………………………………………………………………………….

........................................................................................................................................................

  1. Sebutna 3 tembang dolanan!

…………………………………………………………………………………………………...

.......................................................................................................................................................

  1. Tulisna syaire tembang Jaranan!

…………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………………


Download Soal PTS Semester 2 Bahasa Jawa Kelas 3

download-soal-pts-bahasa-jawa-kelas-3-semester-2


    Choose :
  • OR
  • To comment
No comments:
Write komentar

Menerima komentar bermutu. Tuliskan di kolom berikut.